Jumat, 18 Januari 2008

"Yen ora Edan ora kumanan"

Pepatah diatas adalah salah satu pernyataan bagaimana jaman ini sudah edan. Katanya biar kita ga ketinggalan kita juga harus edan........! Saya tidak sependapat dengan pernyataan itu karena meskipun jaman sudah begini kita ga harus edan kan???
Jika kita harus edan terus gimana jaman nanti jadinya? udah jamanya edan, orangnya juga edan, parah banget bukan??

Boleh jaman ga karuan arahnya, tapi kita harus selalu berjalan pada koridor kehidupan yang benar, dan jangan kita menyimpang dari koridor tersebut biar jaman ini tidah tambah parah edan-nya.

Sabtu, 12 Januari 2008

"Sihing ibu tanpa winates"

Ibu adalah hati yang rela menerima (ibu iku sawijining ati kang lila nampa)// selalu disakiti oleh anak-anaknya (tansah digawe susah dening anak-anake)//penuh maaf dan ampun (kebak pangapura)//kasih sayang ibu (sih lan tresnane ibu)//adalah kilau sinar kegaiban Tuhan (mujudake sunar gaibe Gusti Kang Murbeng Dumadi)// membangkitkan haru insani (nuwuhake rasa trenyuhing manungsa).

Ing bebrayan Jawa dhewe wus kaprah tembung utawa ukara kang tebane pancen gegayutan kalawan sih lan tresnane ibu. Kayadene nalika ana bocah utawa wong kelaran amarga sikile kesandhung watu lan sebab liyane, racake padha mbengok ,” Adhuh biyung...!”.
Samono uga ngenani pralambang-pralambang kang gegayutan kalawan urip lan panguripan racake uga migunakake personifikasi ibu. Kayadene mitos Dewi Sri minangka panguwasane kasuburan, cetha yen mujudake pralambang sih lan tresnane ibu.

Sipon ora mung wates ngurusi bale somahe wae. Gegayutan kalawan durung cethane nasibe Thukul, tembayatan kalawan para aktivis kang preduli marang nasibe wong-wong kang ilang, antarane Ikatan Keluarga Orang Hilang (Ikohi) nganti saiki Sipon tansah melu ngupaya murih nasibe Thukul lan wong-wong liyane kang ”ilang” amarga dicap dadi mungsuhe Orde Baru bisa antuk kawigaten saka pamarentah.
Panjaluke mung sakmadya, yaiku murih pamarentah lumantar otoritas lan panguwasa kang dicekel bisa golek sisik melik bab nasibe wong-wong kang ilang iku. Lan sing wigati dhewe, otoritas pamarentah bisa aweh kabar kang gumathok bab kepriye nasibe Thukul lan wong-wong liyane kang ”ilang” iku. Lan tebane, pamarentah kanthi panguwasa kang dicekel kudu aweh paukuman kang murwat marang pehak-pehak kang wus kanthi sengaja ”ngilangake” Thukul lan wong liyane.
Minangka Ibu, Sipon tansah ngupaya murih Wani lan Fajar bisa luwih kepenak uripe. Salah siji carane kudu bisa sekolah sadhuwur-dhuwure. Dene minangka warga nagara, Sipon kanthi sabisane melu ngupaya murih ukum ing nagara iki bisa jeje. (Sumber: solopos.com)